Materi Basa Jawa
1. CRITA RAKYAT
A. Titikane Crita Rakyat
a. Panyebarane kanthi lesan
b. Duweni sipat tradhisional
c. Sugih cakrik lan variasi
d. Jenenge pangriptane ora konangan (anonim yaiku crita mau ora kaweruhan sapa sing nganggit)
e. Wangune tiron (klise) ana ing susunan utawa cara pangungkapane
B. Mupangate Crita Rakyat yaiku :
a. Mupangat rekreatif yaiku menehi rasa tentrem, seneng uga menehi hiburan.
b. Mupangat dedaktif yaiku ndhidik para kang maca amarga nilai-nilai kabeneran lan kaapikan kang ana ing sajroning crita.
c. Mupangat estetis yaiku menehi nilai-nilai kaendahan.
d. Mupangat moralitas yaiku ngemu nilai-nilai moral kang dhuwur saengga para kang maca bisa mangerteni moral kang apik lan elek.
e. Mupangat relegiusitas yaiku ngemu ajaraning agama kang bisa didadekake tuladha kanggo para kang maca.
C. Unsur Crita Rakyat
Crita rakyat nduweni unsur-unsur intrinsik, kayata :
a. Tema yaiku ide pokok utawa permasalahan utama kang ndhasari lakuning crita.
b. Latar (setting) yaiku latar belakang kang mbantu cethaning laku crita kang ngemot wektu, papan panggonan, lan swasana.
c. Paraga yaiku paraga ing sajroning crita. paraga bisa dingerteni karaktere saka tumindake, ciri isike, lingkungane, lan sapanunggale.
d. Alur (plot) yaiku rerangkening prastawa ing sajroning crita.
e. Amanat yaiku pesen kang ana ing crita.
f. Sudut pandang yaiku nyritakake tokoh, barang, papan, lan sapanunggale.
g. Konflik yaiku perkara kang dadi punjere crita.
D. Wujude crita rakyat miturut William R. Bascom ana telung golongan, yaiku mitos, legendha, lan dongeng.
a. Mitos
Mitos yaiku crita kang dianggep bener-bener kedadeyan. kedadeyan ing alam dharatan, segara utawa langit, tuladhane crita Nyi Rara Kidul, Nyi Lanjar, lan sapanunggale.
b. Legendha
Legendha yaiku crita kang dianggep bener-bener kedadeyan, biyasane crita mau ana petilasan arupa watu, gunung kali, lan sapanunggale. Tuladhane crita Baru Klinthing, Kawah Sikidang, Sumur Jalatundha, Rara Jonggrang, lan sapanunggale.
c. Dongeng
Dongeng yaiku crita kang ngayawara lan ora bisa dipercaya. tuladhane Kancil Nyolong Timun, Keong Mas, Lutung Kasarung, lan sapanunggale.
E. Sinopsis
Sinopsis yaiku ringkesan crita saka alur kang dawa dadi cekak nanging bisa njlentrehake crita sakabehe. nalika bakal nulis sinopsis, bab-bab kang kudu digatekake yaiku :
a. Tema : gagasan pokok, pokok crita
b. Latar : papan lan wektu dumadine prastawa
c. Alur : lakuning crita
d. Penokohan : paraga crita
Saka katrangan kasebut banjur digawe sinopsise.
Sumber : Gegaran Nyinau Basa Jawa 2 Kelas XI SMA/SMK/MA
2. SESORAH
A. Maca Lan Nemokake Struktur Lan Kaidah Teks Sesorah
Tuladha:
Sesorah Halalbihalal [1]
Assalamu'alaikum wa rahmatullahi wa barakatuhu, [2]
Bapak-bapak, Ibu-ibu, kaum muslimin-muslimat ingkang satuhu kinakbeten. Minal aidzin wal faidzin. [3]
Mangga sesarengan kula dherekaken ngonjukaken pudya puji sukur dhumateng ngarsanipun Gusti ingkang Maha Agung, Allah SWT, ingkang sampun paring taufik sarta hidayah. [4]
Ing kalodhangan menika kaparengna kula ngadeg ing ngarsa panjenengan sadaya, saperlu ngaturaken prekawis sakedhik gegayutan kaliyan acara "Apura ingapura" utawi "Halal bihalal" warsa 1437 H menika. [5]
Kados ingkang sampun kawuningan bilih minggu kapenger, umat islam saindengin Nuswantara samya nindakaken shalat ide. [6]
Ing wekdal ingkang sae menika mugi-mugi para kaum muslimin dalah muslimah kepareng njangkepi ibadah siyam kanthi paring zakat fitrah. [7]
Makaten lan semanten atur kula, nyuwun pangampunten tumrap sadaya kaladuking atur sarta muranging trapsila. [8]
Wa assalamu'alaikum warahmatullah wa barakatuhu. [9]
Saka tuladha ing ringkes teks sesorah ing nduwur, bisa ditemokake ragangan (struktur) bakune sesorah, kang nyakup 9 perangan, yaiku:
1. Irah-irahan
2. Salam pambuka
3. Pakurmatan
4. Purwaka basa utawa pambuka
5. Wos utawa isine serorah
6. Andharan wose sesorah (yen perlu)
7. Pangarep-arep (pangajab)
8. Wasana basa utawa panutup
9. Salam panutup
B. Nanggapi Pokok-pokok Isine Teks Sesorah
Sesorah iku cak-cakane mung sairing, tegese kang aktip tumindak mung sesorah, dene kang ngrungokake ora nduwe wenang liya kajaba mung nampa. Tanggapan marang isine sesorah ora bisa diwedharake langsung sabubare ngrungokake sesorah, nanging milih wektu kang ngepasi. Tatacarane wong menehi panemu tumrap isine sesorah kudu nggunakake basa kang ngajeni utawa sopan. Supaya bisa nanggapi nganggo basa kang sopan para siswa kudu nggatekake sapa kang sesorah mau. Kalungguhane luwih dhuwur, sababag, utawa luwih asor tinimbang kang nanggepi. Kanthi mangkono, kang nanggapi bisa nemtokake nganggo basa ngoko, krama, utawa krama alus.
C. Nulis Teks Sesorah Khanti Ragam Basa Padinan
Kaya kang wis kaandharake ing ngarep menawa ragangan (struktur) wis gumathok, yaiku irah-irahan; salam pambuka; pakurmatan; purwaka basa utawa pambuka; wos utawa intine sesorah; andharan wose sesorah (yen prelu); pangajeng-ajeng (pangajab); wasana basa utawa panutup; lan salam panutup. Sawise nulis ragangane, banjur dimekarake nganggo basa mu dhewe.
Crita Rakyat yaiku crita kang dicritakake kanthi turun-temurun utawa kang wis dadi tradhisi ing masyarakat. Crita rakyat kasebut kacritakake ing maneka werna kahanan, ana ing sajroning kumpulan, utawa pinangka crita pamancing impen, lan sapiturute.Tumraping bocah-bocah, crita rakyat uga bisa migunani pinangka pendhidhikan budi pekerti, amarga budi pekerti luhur tumrap bocah-bocah. Crita rakyat duwe unsur-unsur pambangun, kayata tema, tokoh utawa penokohan, latar (setting), alur (plot), sudhut pandhang , lan amanat.
Tema yaiku pokok permasalahan ing sajroning crita. Saben crita rakyat duwe tema kang gumathok supaya gampang diwaca. Latar (setting) yaiku papan panggonan, wektu, lan suwasana kadadeyan ing sajroning crita. Penokohan yaiku paraga kang nduweni watak ing sajroning crita. Alur yaiku urut-urutane prastawa ing crita. Sudhut pandhang yaiku cara pandhang panganggit tumrap crita kang dianggit awujud wong kapisan, wong kapindho, itawa wong katelu. Amanat yaiku pesen kang diaturake dening panganggit marang wong kang maca.
Crita rakyat ngemu piwulang utawa nilai-nilai, antarane yaiku nilai-nilai budaya kang nduweni gegayutan karo pamikiran, kabisan, lan karya cipta manungsa, nilai-nilai sosial kang nduweni gegayutan karo tata laku antaraning manungsa nduweni sapadha, lan nilai-nilai moral kang nduweni gegayutan karo tumindak apik lan elek kang dadi dhasare kauripane manungsa lan masyarakate.
A. Titikane Crita Rakyat
a. Panyebarane kanthi lesan
b. Duweni sipat tradhisional
c. Sugih cakrik lan variasi
d. Jenenge pangriptane ora konangan (anonim yaiku crita mau ora kaweruhan sapa sing nganggit)
e. Wangune tiron (klise) ana ing susunan utawa cara pangungkapane
B. Mupangate Crita Rakyat yaiku :
a. Mupangat rekreatif yaiku menehi rasa tentrem, seneng uga menehi hiburan.
b. Mupangat dedaktif yaiku ndhidik para kang maca amarga nilai-nilai kabeneran lan kaapikan kang ana ing sajroning crita.
c. Mupangat estetis yaiku menehi nilai-nilai kaendahan.
d. Mupangat moralitas yaiku ngemu nilai-nilai moral kang dhuwur saengga para kang maca bisa mangerteni moral kang apik lan elek.
e. Mupangat relegiusitas yaiku ngemu ajaraning agama kang bisa didadekake tuladha kanggo para kang maca.
C. Unsur Crita Rakyat
Crita rakyat nduweni unsur-unsur intrinsik, kayata :
a. Tema yaiku ide pokok utawa permasalahan utama kang ndhasari lakuning crita.
b. Latar (setting) yaiku latar belakang kang mbantu cethaning laku crita kang ngemot wektu, papan panggonan, lan swasana.
c. Paraga yaiku paraga ing sajroning crita. paraga bisa dingerteni karaktere saka tumindake, ciri isike, lingkungane, lan sapanunggale.
d. Alur (plot) yaiku rerangkening prastawa ing sajroning crita.
e. Amanat yaiku pesen kang ana ing crita.
f. Sudut pandang yaiku nyritakake tokoh, barang, papan, lan sapanunggale.
g. Konflik yaiku perkara kang dadi punjere crita.
D. Wujude crita rakyat miturut William R. Bascom ana telung golongan, yaiku mitos, legendha, lan dongeng.
a. Mitos
Mitos yaiku crita kang dianggep bener-bener kedadeyan. kedadeyan ing alam dharatan, segara utawa langit, tuladhane crita Nyi Rara Kidul, Nyi Lanjar, lan sapanunggale.
b. Legendha
Legendha yaiku crita kang dianggep bener-bener kedadeyan, biyasane crita mau ana petilasan arupa watu, gunung kali, lan sapanunggale. Tuladhane crita Baru Klinthing, Kawah Sikidang, Sumur Jalatundha, Rara Jonggrang, lan sapanunggale.
c. Dongeng
Dongeng yaiku crita kang ngayawara lan ora bisa dipercaya. tuladhane Kancil Nyolong Timun, Keong Mas, Lutung Kasarung, lan sapanunggale.
E. Sinopsis
Sinopsis yaiku ringkesan crita saka alur kang dawa dadi cekak nanging bisa njlentrehake crita sakabehe. nalika bakal nulis sinopsis, bab-bab kang kudu digatekake yaiku :
a. Tema : gagasan pokok, pokok crita
b. Latar : papan lan wektu dumadine prastawa
c. Alur : lakuning crita
d. Penokohan : paraga crita
Saka katrangan kasebut banjur digawe sinopsise.
Sumber : Gegaran Nyinau Basa Jawa 2 Kelas XI SMA/SMK/MA
2. SESORAH
Sesorah iku tembung liya saka pidhato. Pidhato iku medharake gagasan sarana lesan kang ditujokake marang wong akeh (masyarakat/bebrayan). Akeh tembung kang maknane padha karo sesorah antara liya tanggap sabda, tanggap wacana, medhar sabda, sabda tama, lan liya-liyane. Senajan tegese padha, tembung-tembung mau kudu patitis anggone ngepasake. Kudu cocog karo ungguh-ungguhe.
Tuladha:
Sesorah Halalbihalal [1]
Assalamu'alaikum wa rahmatullahi wa barakatuhu, [2]
Bapak-bapak, Ibu-ibu, kaum muslimin-muslimat ingkang satuhu kinakbeten. Minal aidzin wal faidzin. [3]
Mangga sesarengan kula dherekaken ngonjukaken pudya puji sukur dhumateng ngarsanipun Gusti ingkang Maha Agung, Allah SWT, ingkang sampun paring taufik sarta hidayah. [4]
Ing kalodhangan menika kaparengna kula ngadeg ing ngarsa panjenengan sadaya, saperlu ngaturaken prekawis sakedhik gegayutan kaliyan acara "Apura ingapura" utawi "Halal bihalal" warsa 1437 H menika. [5]
Kados ingkang sampun kawuningan bilih minggu kapenger, umat islam saindengin Nuswantara samya nindakaken shalat ide. [6]
Ing wekdal ingkang sae menika mugi-mugi para kaum muslimin dalah muslimah kepareng njangkepi ibadah siyam kanthi paring zakat fitrah. [7]
Makaten lan semanten atur kula, nyuwun pangampunten tumrap sadaya kaladuking atur sarta muranging trapsila. [8]
Wa assalamu'alaikum warahmatullah wa barakatuhu. [9]
Saka tuladha ing ringkes teks sesorah ing nduwur, bisa ditemokake ragangan (struktur) bakune sesorah, kang nyakup 9 perangan, yaiku:
1. Irah-irahan
2. Salam pambuka
3. Pakurmatan
4. Purwaka basa utawa pambuka
5. Wos utawa isine serorah
6. Andharan wose sesorah (yen perlu)
7. Pangarep-arep (pangajab)
8. Wasana basa utawa panutup
9. Salam panutup
B. Nanggapi Pokok-pokok Isine Teks Sesorah
Sesorah iku cak-cakane mung sairing, tegese kang aktip tumindak mung sesorah, dene kang ngrungokake ora nduwe wenang liya kajaba mung nampa. Tanggapan marang isine sesorah ora bisa diwedharake langsung sabubare ngrungokake sesorah, nanging milih wektu kang ngepasi. Tatacarane wong menehi panemu tumrap isine sesorah kudu nggunakake basa kang ngajeni utawa sopan. Supaya bisa nanggapi nganggo basa kang sopan para siswa kudu nggatekake sapa kang sesorah mau. Kalungguhane luwih dhuwur, sababag, utawa luwih asor tinimbang kang nanggepi. Kanthi mangkono, kang nanggapi bisa nemtokake nganggo basa ngoko, krama, utawa krama alus.
C. Nulis Teks Sesorah Khanti Ragam Basa Padinan
Kaya kang wis kaandharake ing ngarep menawa ragangan (struktur) wis gumathok, yaiku irah-irahan; salam pambuka; pakurmatan; purwaka basa utawa pambuka; wos utawa intine sesorah; andharan wose sesorah (yen prelu); pangajeng-ajeng (pangajab); wasana basa utawa panutup; lan salam panutup. Sawise nulis ragangane, banjur dimekarake nganggo basa mu dhewe.
D. Maca Teks Sesorah Khanti Nyuwara
Maca khanti nyuwara iku maca kang ditujokake marang wong liya. Amarga ditujokake marang wong liya kang ngrungokake, mula sapa wae kang maca kudu bisa ngucapake khanti: swara kang cukup, kedal kang cetha, lan unjal napas kag pener. Menawa anggone maca adu arep karo kang ngrungokake (kaya ing televisi), kajaba perkara telu mau katambah pamulad kang nyumadulur (komunikatif).
Swara kang cukup tegese kang ngrungokake bisa krungu kanthi cetha lan kepenak, ora keseron ya ora kelirihen. Kang dikarepake kedal kang cetha iku swarane tembung siji lan sijine kudu jelas bedane. Swarane /d/, /dh/, /t/, /th/, /a/, /o/, /u/, lan liya-liyane kudu cetha. Unjal napas iku yen ing bahasa Indonesia diarani tempo lan penjedaan. Tempo iku gegayutan karo alon-rindhike anggone maca, dene penjedaaniku gegayutan karo titik utawa komane anggone maca.
Sumber: Gegaran Nyinau Basa Jawa 2 Kelas XI SMA/SMK/MA
3. SERAT WEDHATAMA PUPUH POCUNG
Serat Wedhatama anggitane KGPAA Mangkunegara IV kajaba ngemot pupuh pangkur lan pupuh sinom uga ngemot pupuh pocung. Pupuh pocung mujudake pupuh kang kaping telu, isine 15 pada.
A. Maca an nanggapi teks Serat Wedhatama pupuh pocung lan nitik guru gatra, guru lagu, lan guru wicalan.
Pocung
Ngelmu iku, kalakone kanthi laku,
Lekase lawan kas,
Tegese kas nyantosani,
Setya budya pangekese dur angkara.
- Pupuh pocung ing Serat Wedhatama ngemot tembang cacahe 15 pada(bait), wiwit saka tembung ' ---- Ngelmu iku ... ' tekan tembung 'angkara'.
- Guru gatra saben sapada tembang Pocung wonten 4.
- Guru lagu tembang pocung yaiku u, a, i, a.
- Guru wicalan tembang pocung yaiku 12, 6, 8, 12.
- Supaya gampang dieling-eling, guru wilangan, lan guru lagune tembang pocung, biasane ditulis 12u, 6a, 8i, 12a.
B. Nemokake tuntunan ing Serat Wedhatama pupuh Pocung lan njumbuhake karo kahanane bebrayan.
Pocung
Ilmu itu, dapat tercapai melalui usaha,
Diawali dengan kas
Arti kas memberi daya
Setia pada budaya untuk menumpas angkara murka.
Pada iki mung salah siji saka 15 pada ing pupuh Pocung Serat Wedhatama. Saka pada ingkang sampun dimaknakake dados basa indonesia mau bisa ditemokake tuntunan ing urip, umpamane :
- Manungsa kudu duwe ngilmu kanthi cara ngudi/usaha.
- Anggone usaha diwiwiti kanthi kas.
- Kang dikarepake kas yaiku ana daya kang njalari kuwat lan santosa
- Santosa kanthi setya marang budaya kanggo mbentengi tuwuh lan wekare patrap angkara murka.
C. Mbedhah perangane Serat Wedhatama pupuh Pocung.
Kados ingkang diandharake lebet ngajeng, sekar pocung menika dibangun dening larikan-larikan ingkang disebutani guru gatra cacahe wonten sekawan gatra. Wiwit gatra sesekali ngantos gatra sekawan sedaya wonten aturan. Trapsila punika saged kagem gondhelan rikala melangka tembung Pocung. Menawi melangka sekar Pocung mboten lagune sekar pocung kados ngandap menika
Ngel/mu/i/ku/ka/la/ko/ne/kan/thi/la/ku/ 12u
Le/kas/e/la/wan/kas/ 6a
Te/ges/e/kas/nyan/to/sa/ni/ 8i
Se/tya/bu/dya/pa/nge/kes/e/dur/ang/ka/ra/ 12a
D. Nulis cakepan tembang Pocung.
Nulis tembang Pocung menika kedah ndherek trapsila ingkang gumathok kang disebutake lebet ndhuwur wau. Trapsila ingkang gumanthok punika guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu. Supados saged nulis cakepan sekar Pocung, wiwitana kanthi gawe ukara bebas. Ukara bebas mau banjur dicocogake guru gatra, guru wilangan, lan guru lagune. Carane nyocogake bisa kanthi ngowahi tembung-tembunge , mbuwang tembung-tembung kang ora pati penting, utawa ngijolake papane tembung (aliterasi). Cara-cara iku upamane: purwakanthi swara, purwakanthi sastra, yogyaswara, baliswara, dasanama, tembung saroja, lan sapanunggale.
Tuladha:
Supaya negara kukuh budaya kudu utuh. 12u Karben kukuh, budaya bangsane wutuh,
Utuh, tuwuh, lestari, lan ngrembaka. 6a Tuwuh lan ngrembaka,
Mulane budaya jawa kudu diuri-uri. 8i Dijaga murih lestari.
Supaya ora ketindhihan budaya manca. 12a Supaya ora kelindhih budaya manca.
Sumber: Gegaran Nyinau Basa Jawa 2 Kelas XI SMA/SMK/MA
4. WACAN EKSPOSISI
Wacan Eksposisi yaiku salah sawijining wacana sing bisa mbudidaya ngandharake pokok pikiran sing tujuane njembarake wawasan utawa pangerten sing maca.
A. Ciri-ciri wacan eksposisi
- Arupa wacan informasi.
- Ana gambar, grafik, karo tabel sing magepokan karo isi wacan.
- Wasananing wacan ana penjelasan.
-Wacan eksposisi adate digunakake kanggo mbabar kaweruh utawa ilmu, definisi, pangerten, cak- cakan sawijining kegiatan, metode, cara, lan proses dumadi sawijining kakadeyan utawa bab.
B. Tuladha Wacan Eksposisi
Sejarah basa jawa, Cara gawe roti, lan sapanunggale.
C. Jenis Wacan eksposisi
1. Wacan sing nuduhake proses.
2. Wacan sing nuduhake tuladha.
3. Wacan sing nuduhake sebab akibat.
D. Carane nulis wacan eksposisi
1. Nemtokake underane (Tema) perkara.
2. Nemtokake tujuwan.
3. Ngumpulake data saka maneka sumber.
4. Nyusun cenkorongan (Kerangka) sing cocok karo underan sing dipilih.
5. Ngrembakakake (Mengembangkan) Cengkorongan dadi paragraf eksposisi.
E. Jenis Paragraf eksposisi
1. Eksposisi Definisi
2. Eksposisi Klasifikasi
3. Eksposisi Klasifikasi
4. Eksposisi ilustrasi
5. Eksposisi Perbandingan
6. Eksposisi Laporan
5. GEGURITAN
Geguritan iku puisi Jawa gegrag anyar kang ora kaiket dening paugeran tinamtu. Cacahe larik, cacahe wanda, cacahe pada, tembung-tembung kang dipilih, lan surasane kabeh merdika utawa bebas. Gumantung net atine kang nggurit. Ana kang nganggo lelewane basa (gaya bahasa) tinamtu, uga ana kang biasa-biasa wae.
A. Maca lan nanggapi isine teks geguritan sarta niteni perangan-perangane
Supaya bisa nemokake isine geguritan bisa dilakoni kanthi cara ing ngisor iki:
a. Maca kanthi premati, yen perlu dibolan-baleni.
b. Nggatekake ubungane larik siji lan sijine, banjur menehi tandha ngaso (/) utawa sigeg (//).
c. Golekana tegese tembung-tembung kang angel utawa aneh. Bisa tegese lugu, entar, utawa lambang.
d. Golekana pesen utawa amanat kang dikarepake dening panggurite.
e. Tambahana tembung utawa wanda saengga ukarane bisa cetha lan bisa ditemokake karepe.
Menawa cara-cara kasebut wis kolakoni, mesthi bisa kotemukake isine geguritan. Kanthi mentes, apik, endah, mengkono, para siswa banjur bisa menehi panemu. Panemu iku bisa setuju (sarujuk), bisa ora setuju, bisa nyengkuyung, lan bisa uga menehi panemu kang sipate kosok balen (berlawanan).
Apa Bedane
dening Sudi Yatmono
Apa bedane prosa karo puisi
bedane ana ati
apa bedane ati karo gori
bedane mung prakara bumbune
bedane apa bumbune karo sing dibumboni
bedane rak mung ana ing wadhah
apa bedane wadhah karo sing diwadhahi
kuwi rak mung akal pokal gaweane manungso
lha apa bedane manungso karo kewan
ah iku urusane Pangeran
(Mbangun Tuwuh, angka 138)
B. Nemokake tuntunan kang dikandhut ing teks geguritan lan njumbuhake karo kahanane bebrayan
Geguritan iku umume digawe dening panggurite kanggo nuduhake rasa marang kahanan. Ana kang nggambarake rasa bungah, rasa sedhih, nggrantes, utawa malah nggambarake rasa serik kang kepati-pati marang kahanan. Mula saka iku, lumantar geguritan pamaca bisa nemokake tuntunan kang gegayutan karo kahanan.
C. Nulis geguritan nggunakake ragam basa kang jumbuh utawa cocog karo konteks lan pranatan utawa aturan
Kaya kacetha ing ngarep menawa nulis geguritan iku merdika. Supaya ana gondhelan, perlu kogatekake bab-bab kaya mengkene.
a. Ora kaiket dening aturan utawa pranata guru gatra, guru wilangan, guru lagu, lan sapanunggale.
b. Ngutamakake isi kang mentes, apik, endah, lan becik.
c. Bisa nggunakake lelewane basa (purwakanthi, baliswara, saroja, entar, lan sapanunggale).
d. Isine bisa pitutur, piweling, kritik, protes, nyindhir, nggresah, pamundhut, lan sapanunggale.
Sumber : Gegaran Nyinau Basa Jawa 3 Kelas XII SMA/SMK/MA
Sumber : Gegaran Nyinau Basa Jawa 3 Kelas XII SMA/SMK/MA
Sip sip makasih infonya
ReplyDeleteGood mbak
ReplyDeleteBaguss
ReplyDeleteMatursuwun sgt menbantu
ReplyDelete👍
ReplyDeleteSip
ReplyDelete👍👍👍
ReplyDeleteApik
ReplyDelete👍👍👍
ReplyDeleteBagus bgt
ReplyDeleteSip sip
ReplyDeleteR👍👍👍👍
ReplyDeleteTerimakasih, sangat membantu😊
ReplyDeleteKeren
ReplyDeleteBagus
ReplyDeleteBagus
ReplyDeleteMantapp
ReplyDeleteGood sekali
ReplyDeleteBermanfaat sekali
ReplyDeleteBagus sip sip
ReplyDeleteSangat membantu
ReplyDeleteSangat membantu
ReplyDeleteSangat membantu
ReplyDeleteBermanfaat
ReplyDelete👍👍👍👍
ReplyDeleteUwuw bermanpaat sekali kaka
ReplyDelete